Pidato Bahasa Jawa tentang puasa Bulan Ramadhan
Assalamualaikum.Wr.Wb.
Langkung rumiyen monggo
kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dumateng ngersanipun Alloh SWT, ingkang
sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo kito sedoyo wakdal niki saget
nglampahi poso ing wulan Romadhon niki kanti mboten wonten alangan setunggalipun
punopo-punopo. Mugiyo wulan Romadhon menika kito sedoyo saget ngginaken kanti
sahe kelawan ngelampahi amalan-amalan ingkang wajib lan sunnah. Lan mugi-mugi
nopo ingkang kito sedoyo lampahi, arupi amalan wajib lan sunnah kala wahu dipun
terami dumateng Alloh SWT.
Sholawat lan salam mugiyo
tetep dipun paringaken nabi kito Muhammad SAW, keluarganipun, poro sahabatipun
ugi sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kelawan
estu-estu lan leres. Mugiyo kito sedoyo kalebet umatipun ingkang purun
ngamalaken ajaran Islam kelawan leres.
Poro rawuh sedoyo ingkang
kulo hormati.
Kulo lan panjenengan sedoyo wonten wulan Romadhon niki dipun wajibaken
siam. Kados dhawuhipun Alloh SWT, ingkang artosipun:
“He wong-wong kang podho iman, diwajibno marang siro kabeh poso, koyo
dene diwajibno poso marang wong sakdurunge siro kabeh, mugo-mugo siro kabeh
dadi wong sing podho takwa.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Siam Romadhon niki saget
nyukulaken kathah sanget keutamaanipun, ing antawisipun, inggih meniko: saget
maringi pendidikan raos sofat kasih lan sayang, nyehataken jasmani, nggiatno
ing kemuliyaan, saget ngendalikaken howo nafsu, sabar, kangge latihan nyerahno
diri dumateng Alloh, lan ngaweruhi nikmatipun Alloh.
Kaum muslimin sedoyo ingkang kulo hormati.
Mekaten kala wahu ingkang
saget kulo aturaken. Mugiyo kito wonten ing wakdal lan saklebetipun wulan
Romadhon niki saget kanti sahe ngelampahi amalan ingkang wajib lan sunnah. Lan
mugiyo nopo ingkang kulolan panjenengan sedoyo lampahi niki dipun terami
dumateng Alloh SWT.
Lan kinten cekap sambutan
kulo. Akhirul Kalam.
Comments