Pidato Bahasa Jawa peringatan Hari Pendidikan Nasional

Assalamualaikum.Wr.Wb.

        Poro bapak,ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati.
Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Alloh SWT, ingkang sampun maringi nikmat lan rahmaipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten Pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggah 2 Mei.
        Sholawat sarta salam mugiyo tetep konjuk dumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kito arepaken syafa’atipun ing dalem dinten kiyamat mangke.
Poro rawuh ingkang dahat kinurmatan.
        Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok bilih pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negaranipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal Nabi SAW taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados dados umat beliau SAW ingkang mboten bodho.
Masalah niki kados pangendikane Nabi SAW ing dalem hadist riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun;
Nggoleko ilmu iku senajan ana ing negari China. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatase saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngrendahno sayape marang wong sing golek ilmu sebab repote marang penggawean iku”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
       Lan kelawan ngengeti dinten Pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan Akhirat.
        Semanten ugi sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Alloh SWT.
Amiin yaa Robbal’Alamiiin. Akhirul Kalam.

Wasaalamu’alaikum.Wr.Wb.

Comments

Popular posts from this blog

Macam Macam Sangga Dalam Penegak dan Tugasnya

Pidato Bahasa Jawa tentang puasa Bulan Ramadhan

Pengertian Saka Tarunabumi