Pidato (Sesorah) Basa Jawa dengan Tema Pergaulan
Kembali lagi dengan kami, pada kesempatan kali ini kami akan memberikan artikel yang berbeda dengan yang lainnya. hari ini kami membuat naskah pidato Basa Jawa dengan tema pergaulan. Karena apa? Di dalam pidato ini memuat tata cara mencari teman menurut Islam dan biasanya kita bisa pakai pidato ini dalam perlombaan umum contohnya pada Pramuka. Terkadang lomba Pidato juga muncul di Kegiatan Kepramukaan. oke nggak butuh waktu lama lagi, silahkan dibaca dan disimak naskahnya:
Assalamualaikum Wr.Wb.
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ,
وَاَنْزَلَ كِتَابَهُ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَ, اَشْهَدُاَنْ لاَإِلَهَ اِلاَّاللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْ قَائِلِيْهَامِنَ الدُّنْيَا اِلَى
يَوْمِ الدِّيْنَ, وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى
الْكَرِيْمُ اْلاَمِيْنُ, اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍوَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ, اَمَّابَعْدُ.
Ingkang kula hormati, Bapak Abdul Rofiq Kepala Madarasah Hidayatul
Mubtadiin,
Ingkang kula hormati, Bapak K. Masykur Ta’mir
Masjid Hidayatul Mubtadiin,
Serto poro rawuh sedoyo
ingkang kula mulyaaken.
Langkung rumiyin monggo kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur
dumateng ngersanipun Alloh SWT, ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun
sehinggo kito sedoyo saget makempal wonten ing mriki kanthi sehat wal afiat.
Sholawat lan salam
mugiyo tetep dipun paringaken Nabi Muhammad SAW, serto sedoyo keluarganipun,
poro sahabatipun, ugi sedoyo umat Islam ingkang nderek nglampahi ajaran Islam
kelawan leres. Mugi mugi kito kalebet umatipun ingkang purun nglampahi ajaran
Islam kelwan estu-estu lan leres. Amin Ya Robbal’alamin
Poro rawuh sedoyo
ingkang kulo hormati,
Alhamdulillah nggeh kito taksih saget jumeneng, enggal mlampah mirengaken
pengajian wonten ing Masjid Hidayatul Mubtadiin niki kaliayan rencang-rencang
ingkang sae kanthi sareng-sareng lenggah anteng. Saklintunipun kito, kathah
tiyang tiyang ingkang sakniki nembe budhal ngopi, rasan rasan tonggo kanan
kiri, pamite ngaji ning nyatane golek wifi. Astaghfirullohal’adzim...
Amargi saking
niku, jaman sakniki kito susah pados rencang ingkang Islam, lan imane temenan.
Kathah tiyang ingkang akhlake sampun rusak. Kito mboten angsal nyedhaki rencang
ingkang kados niku. Amargi nopo? Kita kedah gadhah roso ajrih menawi kito malah
ingkang bablas dados kados tiyang ingkang rusak akhlake niku. Yen kito sampun
dados rencange, nggeh otomatis kito saged ketularan rencang kito. Menawi
rencang kito bagus akhlake kito saged ketularan bagus akhlakipun, mekaten pun
sakwalike.
Ing mriki kulo badhe bahas supados kito mboten salah kekancan.
Rencang ingkang becik niku saget nuntun kito ing dalan ingkang hak utawa bener.
Ngelengaken menawi kito salah. Sakwalike, sanes kids jaman now kang ala tata
kramane, kang rusak akhlakipun, rencang ingkang ala lakune saget ngajak kito
ing dalan maksiat, mboten wirak’i tegesipun mboten ajrih kalih dosa. Mula, kita
kedah ati ati ingdalem babagan kekancan.
Kudune kito anduweni konco ingkang saget support kito ng babagan
kang becik supados nuntun kito slamet lan sukses dunya lan akhirot...
Poro rawuh ingkang
kulo hormati
Kedadean niki sami kaliyan nadzom alala ingkang kaping papat:
فَاِنْكَانَ
ذَاشَرٍّفَجَنِّبْهُ سُرْعَةً # وَاِنْكَانَ ذَاخَيْرٍفَقَرِنْهُ تَهْتَدِى
Yen ono konco olo lakune ndang
dohono
Yen ono konco bagus enggal ndang
kancanono
Kito sebagai umat islam nggih wonten tatanane ing babagan kekancan.
Konco niku pengaruhe gedhe sanget. Ing nadzom niki kito diajaraken supados
ngedohi konco kang ala lakune lan kito kedah kekancan kaleh konco kang bagus
lakune.
Poro rawuh sedoyo
ingkang kulo hormati,
sakiniki kulo badhe tangklet, ing mriki, sinten ingkang mboten
ngerti COC? Utamine ingkang lanang. Sinten ingkang mboten ngerti model modele
misuh? Lha kan lek podo ngerti nggeh sedoyo ing mriki... sami kulo nggih
ngerti... sinten ingkang ngajari? Nggeh rencang-rencang sedoyo. Emang mungkin
menawi wong tuwa kito ingkang ngajari? Guru-guru kito ingkang ngajari? Lah kan
mustahil banget niku...
Coba umpami kito kekancan kaleh tiyang ingkang bagus pekertine,
lurus akidahe, Agami Islam digondheli saktenane. Kiro-kiro dados tiyang ingkang
pripun kito? Kiro-kiro nopo mawon saben dinten ingkang kita mirengaken? Jelas
banget kito bakale ketularan dadi bocah ingkang becik uga, saben dinten
mirengaken ilmu ngkang manfaat, omongane sopan, akhlakulkarimah, kaliyan gurune
tawadlu’... Masya Alloh... niku lo pengaruhe konco
Amargi eman sanget nggeh menwi kito sampun kejebak dados tiyang
ingkang ala lakune,
Emannnn sanget....amargi nopo? Susah sanget kito supados bali dados
tiyang ingkang becik malih. Mumpung dereng ngucap jathukno, monggo sareng
sareng pados dalan ingkang padhang ingkang hak saenggo kito saged ngucap
sujokno.
Pengen ngucap jathukno nopo sujokno? Jelas lah nek pengen ngucap
sujokno... kulo inggh ngoten. Lho mas, njenengan kok saget dhawuh kados niku?
Wonten ingkang tangklet kados niku? Kulo jawab nggih mergo saking
pengalaman, kulo dhawuh ngeten niki amargi kulo sampun pengalaman, sampun
ngerti rasane dadi bocah apik kui piye, rasane dadi bocah ra mbeneh kui piye?
Dadi uripmu kui ben lengkap, ojo mik gur ngrasakne salah siji...
Kulo tangklet maneh, ing mriki sinten ingkang dereng ngrasakne pacaran?
Wonten? Saget diitung ndamel driji nggeh?,,, pripun rasane? Enak nopo mboten?
Sinten seng njawab ndak penak? Yo jelas enak lah... barang kang kito lakoni
kang ngarah ing maksiat, niku mesthi penak. Ning menawi kulo tangklet, kados
pripun akibate? Nah.. niku njenangan saged mangsule mboten kepenak, lha pripun,
anake wong liyo diragati, duwik lho sek ngathung ning wong tuwo. Lho njenengan
kok ngerti saking pundi mas? Jawabane panggah, pengalaman. Menawi sakniki
sampun genah menawi Islam mboten ngajaraken kados niku. Kok njenengan taksih wani nerjang? Naudzubillahimindzalik...
Ning nggeh ojo ditiru contho ingkang ala nggih...
Trus pripun ingkang sampun terlanjur kekancan kaliyan tiyang
ingkang salah?
Kito saged berubah menawi kito gadhah kepenginan berubah kanthi
niat kang gedhe... njenengan pengen nopo mboten berubah dados tiyang ingkang
becik.? Purun nggih...
Poro rawuh sedoyo
ingkang kulo hormati,
Tiyang tiyang ingkang sampun rusak akhlake lan ingkang mboten
gadhah ilmu kang manfaat niku lho ingkang mbeta kerusakan ingkang ageng ing
dunya niki
Sampun disebutaken ing nadzom alala ingkang nomer 10 lan 11:
10- فَسَادٌكَبِرٌعَلِمٌ
مُتَهَتِّكٌ # وَاَكْبَرُمِنْهُ جَاهِلٌ مُتَنَسِّكُ
gedhene kerusakan wong ‘alim ndak
nglakoni
luweh gedhe timbang iku wong bodho
nglakoni
11- هُمَافِتْنَةٌ فِي
الْعَالَمِنَ عَظِيْمَةٌ # لِمَنْ بِهِمَافِىْ دِيْنِهِ يَتَمَسَّكُ
Karone iku agung-agunge fitnah dunya
Tumrape wong kang tetanggan perkoro
agomo
Nah.. niki lho
nggeh...kiro kiro kito nyadar mboten umpami gadhah rencang kang kados niki...langsung
mawon nggeh. Conthone si A iku wong kang nduweni ilmu kang gedhe nanging taksih
gelem nerjang opo kang dilarang dening Gusti Alloh... padahal Si A mau ngerti
yen kui salah, ngerti yen kui dosa. Tiyang kados niku biso agawe kerusakan kang
gedhe ing kalangan ummat. Selajengipun wonten Si B kang bodho, ora tek pinter,
ilmune kurang, nanging ibadahe tertib ngalahne Si A. Dados saget ditarik
kesimpulan menawi Si B iku ibadahe mung elok elok bawang. Dados Si B mung ibadah
ibadah thok, nanging ra ngerti tujuane ibadah niku nopo, ra ngerti asale ilmune
saking pundi, ora ngerti maknane babar pisan. Si B niku luweh mbahayani
tinimbang si A wau.
Tiyang kaleh niku
wau sejatine ora kena dadi panutan, lan tiyang kaleh niku wau sejatine amung
fitnah kang agung wonten ing kalangan ummat dunya.
Mula monggo kito sareng sareng kuataken iman kito supados mboten
kecemplung ing jurang kasesatan. Mulai sakniki, yen ono konco seng ngajak ning
barang maksiat, kito kudu nolak kanthi dasar iman kang kuat. Ojo nganthi
sepisan-pisan melu-melu. Pokoke up to you and always stay, I don’t care menawi
wonten tiyang kados niku. Kito ugi kedah ati ati menawi wonten kang kados
tiyang kaleh kasebat kalawau supados kito tetep dados ummat kang diridzoi Alloh
Ta’ala...amin ya robbal’alamin...
Lan tiyang-tiyang ingkang sregep utawa istiqomah ngajine niki,
tawadlu’ kaleh guru, ojo sepisan-pisan wani ngrubuhaken istiqomah panjenengan
sedoyo. Keranten sepisan wani bolos ngaji, ora kena ora, kaping pindho tiga nipun
mesthi wani melih. Sampe istiqomah kito gugur sedoyo...eman sanget
Astaghfirullihal’adzim...
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati. Monggo kito pikir mulai
sakniki, kito introspeksi, kados pundi menawi kito gadhahi dosa kang kathah,
kita kedah eling niku. Nopo Alloh sampun nglebur dosa dosa kita? Lan monggo
kita nyuwun pangapura. Kadang kito supe kaliyan perintah-perintahipun. Kita
kedah tansah emut, dunya niku kunjara nipun ummat Islam lan Swargo nipun tiyang
kafir. Mula ora perlu ngeluh yen kita urip sengsara amargi balasane Swargo.
Mugi mugi kita tansah diparingi petujuk supados kegolong tiyang ingkang becik,
ingkang hak, ingkang sholeh lan sholihah akhiripun kita slamet ing dunya lan
akhirot. Amin ya robbal’alamin
Cekap semanten
ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten lepat kula nyuwun agunging sih
samudra pangaksami. mugi mugi ilmu dinten niki saget bermanfaat kanggo kito
sedoyo... billahitaufik wal hidayah. Wa ‘afu minkum
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Comments