Pidato Bahasa Jawa Dalam Memperingati Isro’ Mi’roj
Halo... Selamat dtang di artikel ini. Setelah kami lihat lihat
banyak pengunjung yang mengunjungi artikel kami tentang pidato. Maka sekali
kali saya post lagi artikel tentang pidato berbahasa jawa. Silahkan share jika
membantu. Dalam kehidupan sehari hari, kita pasti pernah kan dituntut agar bisa
berpidato. Nah... mungkin artikel ini
bisa membantu kalian yang lagi bingung gimana caranya buat naskah pidato bahasa
jawa yang baik dan benar. Apalagi yang lagi ada lomba pidato, pastinya nggak
mau kalah kan samayang lainnya. Langsung saja gan.. berikut naskah pidatonya.
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Sedoyo undangan
ingkang kulo hormati
Wonten ing wakdal ingkang bahagiya niki monggo kulo lan panjenengan
sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT. Ingkang sampun
maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo kito sedoyo taksih dipun paringi umur
panjang lan saget ndugeni acara niki kanthi mboten wonten alangan setunggalin
punopo nopo. Mugiyo rawuh kulo lan panjenengan sedoyo dinten niki dipun catet
kaliyan Gusti Alloh kelebet amal ingkang sae.
Amiiin yaa robbal’alamiiin.
Sholawat ugi salam
mugiyo tetep dipun paringaken nabi kito Muhammad SAW, keluarganipun,poro
sahabatipun lan ugi poro umat muslim ingkang purun ngamalaken ajaran Islam
kanthi leres. Lan mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun
ngamalaken ajaran Islam kanthi estu-estu
lan leres.
Undangan sedoyo
ingkang kulo hormati
Kulo lan panjenengan
sedoyo sumerep mbok beleh wulan niki ngerupekaken wulan Rojab. Wonten wulan
Rojab niki kito diengetaken dening sijining peristiwa ingkang dipun alami
kaliyan Nabi kito Muhammad SAW, inggih menika arupi peristiwa Isro’ lan Mi’roj.
Lan kito sedoyo, kedah sumerap mbok beleh peristiwa Isro’ Mi’roj niki
kedadosanipun tanggal pitu likur wulan Rojab, sak sampunipun beliau ngalami
cobaan lan ujian kathah sanget saking golongan kafir quraisy. Wakdal niku sak
sampunipun beliau dipun tilar istrinipun lan ugi pamanipun inggih meniko Abu
Tholib.
Semanten ugi
peristiwa Isro’ lan Mi’roj niki ngerupekaken setunggaling mukjizat ingkang
dipun paringaken dening Alloh SWT, dumateng Nabi kito Muhammad SAW. Pramilo
saking niku peristiwa Isro’ Mi’roj meniko dipun nameni ngerupekaken peristiwa
ingkang moho agung, keranten ,boten wonten salah setunggaling Rosul utawi Nabi ingkang
dipun paringi kehormatan kados mekaten. Saking niku kaliyan peristiwa kolo wau
ngerupekaken tondo lan bukti dening agengipun pribadi Rosulullah ing ngarsani
Alloh SWT.
Kito sedoyo ugi
sampun sumerep mbok beleh Isro’ Mi’roj niku wonten kalih kata, inggih menika
Isro’ lan Mi’roj. Artosipun Isro’ menurut bahasa, inggih meniko mlampah wonten
ing wakdal dalu. Lan artosipun menururt syari’at; Isro’ inggih meniko
perjalanan wonten ing wakdal dalu ingkang dipun lampahi dening Nabi Muhammad
SAW. Milahi saking Masjidil Haram yaiku ing Makkah ngantos Baitul Maqdis inggih
punika ing Palestina. Mi’roj inggih meniko minggahipun Nabi Muhammad SAW,
wonten ing panggenan ingkang luweh inggil utawi langit ingkang nomer pitu
ngantos dumugi Shidrotul Muntaha.
Perjalanan Isro’ lan
Mi’roj niki laminipun namung setunggal wengi. Padahal tebihipun antawisipun
Mekkah lan Palestina niku wonten pinten pinten mil. Lan menawi dipun tambahi
kaliyan kendaraan onto wakdal zaman niki ngantos laminipun pinten pinten wulan.
Nanging ingkang dipun ditempuh Nabi Muhammad SAW. Namung selami setunggal
wengi.
Poro undangan sedoyo
ingkang kulo hormati.
Lan penting sanget kito sumerapi, ing dalem Alloh SWT ngisro’aken
lan mi’rojaken kaliyan Nabi Muhammad SAW. Meniko milahi saking Masjidil Aqsho
ing Palestina. Kados dawuhipun Alloh:
“Alloh Moho Suci ingkang sampun ngelakokake hambane (Nabi Muhammad
SAW). Ono wakdal bengi saking Masjidil Haram (ing Makkah) tumeko marang masjid
Aqsho (ing Palestina0 ingkang wonten kiwo tengene wis ingsung paringi berkah, ingsun
Alloh perlu nuduhaken songko tondo-tondo kekuasaane ingsung (Alloh). Saktemene
Alloh niku mirengaken lan moho midangetaken.”
Undangan sedoyo
ingkang kulo hormati.
Mekaten kolo wau sambutan kulo. Mugi-mugi bermanfaat.
Akhirul Kalam
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Nah.. gimana gan artikel ini?
Semoga bermanfaat. Terima kasih telah berkunjung ke website kami
Sampai jumpa di artikel selanjutnya!
Comments